Antawisipun bentuk nderek Kanjeng Nabi nggih meniko arupi njungkung ibadah marang Gusti Allah, ngelampahi perintah wajib utawi sunnah, kados sholat limang wektu, sunnah rawatib, poso lan sakpitunggalane. Milo, saking tindak lampah meniko, mugi-mugi kito saget kalebet umat ingkang takwa marang Gusti Allah.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Wekdal sakmangke sampun mlebet wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah. Punopo dipun wastani Shofar? keranten bongso Arab naliko semanten sami ngosongaken kegiatane. Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat sami ninggalaken daerahipun, saperlu bidal perang utawi tindakan.
Kanjeng Nabi dawuh:
لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنَ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنَ الْأَسَدِ
Artosipun: Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo siro saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh) saking singo. (Riwayat Bukhari lan Muslim)
Tegese ‘adwa meniko percados menawi wonten penyakit ingkang saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpo izin saking Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun ningali manuk. Amergi ing masyarakat Jahiliyah wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.
Naliko zaman Jahiliyah, katah tiyang ingkang ngeyakini wulan Shofar niku minongko wulan apes utawi tasya’um. Katah tiyang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo ing wulan Shofar amergi wulan shofar dipun percados nggadahi nasib olo, jember hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu.
Padahal, sejatosipun wulan Shofar niku wulan biasa, mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun, meniko sampun kersanipun Gusti Allah, sanes disebabaken wulan Shofar.